Pidato Singkat Bahasa Jawa

Pidato bahasa jawa 
Tema :  perpisahan  kelas 9 [wasana warsa]

Assalamualaikum Wr.Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan. Bapak Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi kelas 9 ingkang kula tresnani. Sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring kasarasan saha kawilujengan saengga kula lan panjengan sedaya saged makempal sesarengan wonten adicara wasana warsa punika. Sholawat sarta salam tansah konjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW.mugi-mugi kula lan panjengan sedaya pinaringan syafaatipun dumugi yaumil-akhir semangke.

Kula minangka wakil saking kelas 9 ngadeg wonten ngriki badhe matur. Sepisan, kula lan kanca-kanca ngaturaken panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula lan kanca-kanca sedaya ingkang dangunipun kirang langkung  tigang warsa wonten SMPN 1 Suruh  punika. Kaping kalihipun kula lan kanca-kanca nyuwun pangapunten dhumateng Bapak Ibu Guru awit kalepatan-kalepatan saking lisan, subasita, utawi tindak tanduk, nalika taksih sinau wonten pawiyatan menika. Ingkang kaping tiga, kula lan kanca-kanca nyuwun donga pangestunipun Bapak Ibu Guru sak sampunipun lulus mangkih, badhe nglajengaken sekolah malih wonten SMA/SMK/MA. Mugi-mugi cita-cita kula lan kanca-kanca sedaya saged ginayuh.

Makaten ingkang saged kula aturaken, mbok menawi wonten klenta-klentunipun atur utawi kekirangan-kekirangan, kula nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi amal ibadah Bapak Ibu Guru pikantuk piwalase saking Gusti Allah. Lan mugi-mugi adicara wasana warsa menika saged ndadosaken barakah,nuwun.
Bilahitaufiq walhidayah,

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Obat Diare Ampuh dan Alami

Tips agar tugas tidak menumpuk saat mepet deadline

Procedure text bahasa inggris “mudah”